Campursari iku sawijining jenis
tembang cara
Jawa sing sajatine campuran saka
gamelan Jawa lan
piranti musik modern.Campursari kang ngemot pirang-pirang aspek seni (sajroning lelagon pepak banget). Katitik saka lagu kang kerep dianggo campursari bisa awujud: lagu dolanan, langgam, macapat, tembang gedhe, sekar gendhing, bawa, umpak-umpak, lan sanes-sanesipun. Tokoh campursari sing kondhang, yaiku
Manthous saka
Gunung Kidul.Katitik saka instrumen kang dianggo bebarengan kanthi trep, nganti kepenak dirungokake. Gabungan instrumen kasebut diangkah supaya tinemu harmoni seni campursri. Instrumen campursari kang kerep kanggo kayata
kendhang,
demung,
gong,
rebab,
piano lan
gitar.Lelagon campursari mono kang baku seneng, gumyak, lan nges swasanane. Padatan campursari kerep kanggo nglipur ing pahargyan, embuh iku mantenan, sunatan, tasyakuran lan liya-liyane.Campursari uga asring dianggo dening pendhagel, gara-gara ing
wayang kulit, utawa
wayang wong, limbukan wayang kulit, dhagelan ing
kethoprak lan sapanunggalane.
Wujud Campursari
Lelagon campursari
- Gethuk.
- Tambat Ati
- Nonong
- Randha Kempling
- Reformasi
- Hewes-Hewes
- Cucak Rowo
- Mbah Dukunng,
Lelagon sekar gendhing campursari
- Wahyu
- Ayak Pamungkas
- Rangu-Rangu
- Puspa Giwa
- Gandamastuti
- Umbul Donga
Macapat campursari
- Asmaradana : Anjasmara Arimami
- Dhandhanggula : Sidaasih, Turu Lare
- Mijil Kethoprak : Dedalane
Pucung dolanan campursari
- Dhayohe Teka
- Turi-Turi Putih
- Aja Lamis
- Buta Galak
- Iris-irisan ela
- Canthing
- Jali.
Penembang campursari
Tidak ada komentar:
Posting Komentar